20. Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasihutawa bocah klangenaningSun?Sabab samangsa Sunwelehake,Ingsun tansah kengetan marang dheweke,marga saka iku panggalihingSun trenyuh,ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
21. Sira ngadegna tugu-tugu ing ratan kanggo sira,lan masanga tandha-tandha dalan,waspadakna dalan gedhe kang temenan,yaiku dalan kang wus sira liwati!Balia, he para kenya Israel,balia menyang ing kutha-kuthanira kene!
22. He bocah wadon kang wangkot,isih pira suwene anggonira monga-mangu?Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi:wong wadon ngrangkul wong lanang.”
23. Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane:He papan panggonaning kabeneran,he gunung kang suci,Sang Yehuwah muga mberkahana sira!
24. Yehuda dalah sakabehe kutha-kuthane bakal tetep lestari ana ing prenahe, apadene para wong tani, para kang nglembara klawan pepanthaning kewane.
25. Amarga Ingsun bakal damel segere wong kang sayah, lan wong kang ngenes bakal Sunwaregi.”
26. Mulane aku tangi lan ndeleng; anggonku turu kapenak.
27. “Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluberi gotrahe Israel lan Yehuda klawan wiji manungsa lan kewan.
28. Kayadene ing maune Ingsun cepak-cepak nedya mbedhol lan ngebrukake para wong iku, supaya bubrah, rusak lan cilaka, kaya mangkono uga Ingsun karsa mbangun lan nenanem. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
29. Ing wektu iku bakal ora ana wong kang ngucap maneh:Para bapa padha mangan woh mentah,anak-anake padha linu untune,
30. nanging: Saben wong bakal mati marga saka durakane dhewe; saben wong kang mangan woh mentah, untune dadi linu.
31. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun bakal damel prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda,
32. ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
33. Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.
34. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”
35. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,kang maringi srengenge kagawe madhangi awankang netepake rembulan lan lintang-lintangkanggo madhangi bengi,lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik,-- asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --: