14. Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan,umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
15. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis,tangis kang ngeres-eresi.Rakhel nangisi anak-anake,lumuh linipur jalaran saka anak-anake,amarga wus padha ora ana maneh.
16. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ampeten anggonira nangis,lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira,amarga tumrap kangelanira ana ganjarane,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,anak-anakira bakal mulihsaka ing nagaraning mungsuh.
17. Isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira,anak-anakira bakal mulih menyang ing tlatahe dhewe,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
18. Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim:Paduka sampun ngrangket kawula,saha kawula sampun nampeni pangrangket punika,kados pedhet ingkang boten linatih.Kawula mugi Paduka wangsulaken,supados kawula mratobat,amargi Paduka punika Sang Yehuwah,Gusti Allah kawula.