1. “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun.
2. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Kekarening bangsa kang kalis ing pedhang oleh sihpiwelas ana ing ara-ara samun!Israel lunga ngupaya katentremane!
3. Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane:Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng,mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.
4. Ingsun bakal mbangun sira maneh,temah sira binangun,he putri Israel!Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang,lan metu kalawan jejogedan asukarena.
5. Sira bakal gawe kebon anggur manehana ing pagunungan Samaria;dene para wong kang padha gawe ikubakal ngundhuh pametune uga.
6. Lah bakal tumeka ing titi-mangsanepara wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim:Payo, padha munggah menyang ing Sionsowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!
7. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena,bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa!Wartakna, memujia lan kandhakna:Sang Yehuwah wus mitulungi umate,yaiku kekarene Israel!
8. Lah, Ingsun bakal ngirid para wong ikusaka ing tanah lor,lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ingponcoting bumi,panunggalane ana kang picak lan lumpuh,ana wonge wadon kang lagi ngandhegbareng karo kumpulane wong kang nglairake anak;baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.
9. Tekane wong-wong iku kambi nangis,Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur;Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung;amarga Ingsun wus dadi ramane Israel,dene Efraim iku putraningSun pembayun.
10. He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah,iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh,kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israelkarsa ngempalake manehlan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.