3. Mulane deresing udan cinegahlan udan kiriman ora tumiba.Nanging bathukira iku bathuke wong wadon tuna-susila,sira ora idhep isin.
4. Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula!Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila!
5. Panjenengane rak ora bakal duka salawaseutawa ngincim-incim aku ing salawase?Mangkono ucapira, ewadene ing sabisa-bisa siranindakake piala.”
6. Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono?
7. PanggalihingSun: Sawise nglakoni iku mau kabeh, bakal ngulihi Ingsun, nanging ora bali. Prakara iku disumurupi Yehuda, sadulure wadon kang ora setya.
8. Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.
9. Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.
10. Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
11. Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku.
12. Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene:He Israel, wong wadon kang murtad, muliha!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --WedananingSun ora bakal rengu marang sira,amarga Ingsun iki ambek sihmirma-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah,ora bakal mbendoni ing salawase.