Yeremia 29:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe.

8. Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!

9. Amarga para wong iku padha meca dora marang sira atas asmaningSun. Ingsun ora ngutus para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Samangsa wus ganep pitung puluh taun tumrap Babil, Ingsun lagi nggalih marang sira. Ingsun bakal nuhoni prasetyaningSun marang sira, ngulihake sira marang panggonan kene.

11. Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

12. Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.

13. Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira,

14. Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.

15. Pancen pangucapira: Sang Yehuwah wus ngangkat para nabi kanggo aku kabeh ana ing Babil.

Yeremia 29