12. Sawise Nabi Hananya mutung pasangan saka ing janggane Nabi Yeremia, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
13. “Sira nemonana Hananya lan dhawuhana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira wus mutung pasangan kayu, nanging Ingsun bakal damel pasangan wesi minangka lirune.
14. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel: Pasangan wesi bakal Sunetrapake ana ing gulune sakehing bangsa iku, temah bangsa iku mau padha teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil; sanyata, para raja iku mesthi bakal teluk! Dalah sato kewan ing ara-ara wus padha Sunparingake.”
15. Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: “He Hananya, mara rungokna! Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara,
16. mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”
17. Nabi Hananya seda ing taun iku uga, ing nalika sasi kapitu.