Yeremia 28:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh:

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Ingsun wus mutung pasangane ratu ing Babil iku.

3. Ing sajroning rong taun iki Ingsun bakal ngulihake sakehing pirantining padalemane Sang Yehuwah, kang dijupuk dening Nebukadnezar, ratu ing Babil, saka ing panggonane lan diusungi menyang ing Babil.

4. Uga Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda tuwin sakehe wong buwangan saka ing Yehuda kang digawa menyang Babil, bakal Sunulihake menyang padunungane iki, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah, Ingsun bakal mutung pasangane ratu ing Babil iku!”

5. Nabi Yeremia tumuli ngandika marang Nabi Hananya ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh, kang padha ngadeg ana ing padalemane Sang Yehuwah.

6. Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin! Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono! Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil.

7. Mung bae, kowe padha ngrungokna tembungku kang bakal daklairake ana ing ngarepmu lan ing ngarepe rakyat iki kabeh:

8. Para nabi kang ana sadurunge aku lan kowe, wiwit biyen mula wus padha nglairake pameca marang nagara akeh lan karajan gedhe-gedhe bab perang, bilai lan pageblug.

9. Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.”

10. Nabi Hananya nuli njupuk pasangan iku saka ing janggane Nabi Yeremia, banjur diputung.

11. Nabi Hananya ngandika ana ing ngarepe rakyat kabeh: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iya kaya mangkono anggoningSun bakal mutung pasangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, Sunbuwang saka ing gulune para bangsa sajroning rong taun iki!” Nanging Nabi Yeremia nuli tindak saka kono.

12. Sawise Nabi Hananya mutung pasangan saka ing janggane Nabi Yeremia, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

13. “Sira nemonana Hananya lan dhawuhana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira wus mutung pasangan kayu, nanging Ingsun bakal damel pasangan wesi minangka lirune.

Yeremia 28