25. Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen!
26. Nganti sapira suwene bab iku ana ing batine para nabi, kang doracara lan medharake saka pangothak-athike dhewe,
27. kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?
28. Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere!Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
29. PangandikaningSun rak prasasat geni, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah --lan kaya palu kang ngremuk gunung parang?
30. Mulane, lah Ingsun bakal nglawan para nabi kang padha nyolong pangandikaningSun saka kancane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
31. Satemene Ingsun bakal nglawan para nabi kang ngempakake ilate kanthi sawenang-wenang kanggo ngandharake pangandikaning Allah. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
32. Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; -- lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
33. Samangsa bangsa iki, nabia, imama, pitakon marang sira: Pangandika apa kang diemotake dening Sang Yehuwah? Nuli wangsulana mangkene: Iya kowe iku momotane! Mulane sira bakal Sunbuwang saka ing nagaraningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
34. Dene nabi utawa imam utawa rakyat kang isih ngrembug bab Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, Ingsun bakal ndhawahake piwales marang wong iku dalah kulawargane.
35. Kang kudu sira kandhakake, siji-sijine marang kancane utawa sadulure: Kapriye paring wangsulane Sang Yehuwah?, utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah?
36. Nanging Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, aja kokkandhakake maneh, awit kang dadi momotane saben wong yaiku tembunge dhewe, amarga kowe wus padha ngowahi pangandikane Gusti Allah kang gesang, Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allah kita.
37. Sira kandhaa marang para nabi mangkene: Kapriye dhawuh wangsulane Sang Yehuwah marang kowe utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah?
38. Nanging manawa sira isih ngucapake bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sarehne sira isih ngandhakake isining Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, sanadyan Ingsun ngutus wong marang sira supaya mratelakna: aja rembugan bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah,
39. mulane, lah Ingsun bakal nyepeng lan mbuwang sira saka ing ngarsaningSun, sira lan kuthanira kang wus Sunparingake marang sira lan leluhurira iku.
40. Ingsun bakal maringi cacadan lan kawirangan kang langgeng marang sira kang ora bakal kalalekake.”