Yeremia 23:11-28 Kitab Sutji (JAV)

11. “Sanyata, nabia, imama padha dursila;ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12. Mulane dalan kang diambah para wong ikubakal kaya dalan kang lunyu;ana ing petengan bakal padha kesandhunglan tiba ana ing kono,amarga Ingsun bakal ndhatengake bilaitumrap para wong ikuing sajroning taun nalika padha kaukum.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13. Ing kalangane para nabi ing Samaria,Ingsun nguningani ana kang ora patut,padha meca demi Baallan padha nasarake umatingSun Israel.

14. Nanging ing kalangane para nabi ing YerusalemIngsun nguningani pokal kang rusuh,padha laku jina lan tumindak ora jujur,padha mangkotake atine wong kang nindakake piala,temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane.Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun,sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”

15. Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi,tumrap para nabi iku mangkene:“Lah, Ingsun bakal maringi pangan butrawalilan omben-omben racun marang wong-wong iku,awit marga saka para nabi ing Yerusalem iku,kadursilan wis ngembrah ana ing saindenging nagara.”

16. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustine kang sarwa dumadi:“Aja ngrungokake tembunge para nabikang memeca marang sira!Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira,lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe,kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.

17. Wong iku padha kandha marang wong kang padha nyampahi sabdane Sang Yehuwah:Kowe bakal padha slamet!lan marang sadhengah wong kang mbeguguknuruti tekading atine,kandhane mangkene: Kowe ora bakal nemu bilai!”

18. Awitdene sapa ta kang nekseni pirembagane Sang Yehuwah,temah bisa nggatekake lan krungu pangandikane?Sapa kang nggatekake lan ngrungokake iku?

19. Mara delengen, praharaning Sang Yehuwah,yaiku bentering bebendune, wus metu nyamber-nyamber,-- angin lesus --lan tumiba nempuh sirahe para wong duraka.

20. Bebendune Sang Yehuwah ora bakal mendha,nganti Panjenengane wus nindakakelan mujudake apa kang wus rinancang ana ing panggalihe;ing dina-dina kang wekasan sira bakal mangretiprakara iku temenan!

21. “Ingsun ora ngutus para nabi iku,ewadene padha mempeng,Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku,ewadene padha memeca.

22. Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan,mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun,lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang alatuwin panggawene kang dursila.

23. Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan,nanging kang ana ing kadohan uga.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

24. Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan,apa Ingsun ora pirsa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa dudu Ingsun kang ngebekilangit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25. Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen!

26. Nganti sapira suwene bab iku ana ing batine para nabi, kang doracara lan medharake saka pangothak-athike dhewe,

27. kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?

28. Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere!Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

Yeremia 23