Yeremia 23:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

2. Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

3. Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.

4. Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

5. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.

6. Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.

7. Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,

8. nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”

9. Bab para nabi.Atiku remuk sajroning dhadhaku.Sakehing balungku gograg.Kaananku kaya wong mendem,kaya wong lanang kang keladuk anggone ngombe anggur,awit saka Sang Yehuwahlan pangandikane kang suci.

Yeremia 23