Yeremia 22:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.”

13. Bilai wong kang mbangun kratoneadhedhasar kang ora adil,lan pandhapane gedheadhedhasar pratingkah kang daksiya,lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanansarta ora menehi pituwase,

14. kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton,kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera!”Temboking kraton banjur dietrapi cendhela-cendhelablabaging kraton kang kagawe kayu eres,sarta dicet abang.

15. Apa panganggepira sira iku raja,manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres?Bapakira rak uga mangan lan ngombe,lan oleh kanikmatan?Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,

16. sarta mutusi prakarane wong sangsaralan wong miskin kalawan adil.Rak iku arane nganggep marang Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

17. Nanging mripat lan atiniramung ngarah marang kauntungan,ngwutahake getihe wong kang ora luput,sarta nindakake pameres lan panganiaya.

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda:“Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku!Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!

19. Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi,dilarak lan dibuwanging sajabaning gapurane Yerusalem.”

20. Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha!Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan!Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim,amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes!

Yeremia 22