Yeremia 20:6-8 Kitab Sutji (JAV)

6. Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”

7. Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawulalan kawula sampun purun kaarih-arih;Paduka punika rosa sanget tumrap kawula,Paduka nunten nelukaken kawula.Kawula dados gegujengan sadinten muput,sadayanipun sami moyoki kawula.

8. Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok,kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!”Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadanlan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.

Yeremia 20