Yeremia 20:14-18 Kitab Sutji (JAV)

14. Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku!Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku!

15. Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabarmarang bapakku, mangkene:“Panjenengan kaparingan putra kakung!”,kang njalari panjenengane rena banget.

16. Dina iku dadia kaya kutha-kutha,kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma!Muga keprungua pasambat ing wayah esuk,lan swara gumeder ing wayah tengange!

17. Amarga dina iku ora mateni aku,nalika aku ana ing kandhutan,temah ibuku dadi kuburankulan mbobot ing salawase!

18. Yagene aku kok lair saka ing kandhutan,nyawang kasusahan lan prihatin,temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang?

Yeremia 20