25. Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah,lan gorokanira aja nganti kasatan!Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina!Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca,mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.
26. Kayadene wiranging maling kang konangan,mangkono anggone turune Israel kawirangan,yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,
27. kang celathu marang kayu satengkel:Panjenengan punika bapak kula!lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula!Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenanlan ora ngadhepake raine marang Ingsun,nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur:Paduka mugi karsaa mitulungi kawula!
28. Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku?Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira,ing wektu sira nemu bilai.He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira,iya samono iku uga kehing allahira!
29. Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun?Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.