Yeremia 2:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. Israel iku batur tukon, apa anaking batur?Geneya kok dadi jarahan?

15. Singa nom padha nggero marang bangsa iku,kalawan swara kang dumeling,tanahe didadekake cengkar,kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.

16. Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhespadha nggundhuli pathaking sirahira.

17. Rak sira dhewe kang njalari sira ketamankang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?

18. Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir,apa arep ngombe banyune bengawan Nil?Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur,apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?

19. Pialanira bakal ngrangket sira,lan pamurtadira bakal nyiksa sira!Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihesira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku;sarta ora gumeter wedi marang Ingsun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20. Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganiralan medhoti talining cancanganira,sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh.Malah ana ing saben tetengger kang munggul,lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung,sira teturon lan laku jina.

21. Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan,lan dadi wiji kang murni satuhu.Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk,dadi wit anggur alasan!

22. Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landhalan nganggo sabun akeh,ewadene blentonging kaluputanira ora ilangana ing paningalingSun,mangkono pangandikane Gusti Allah.

23. Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku,aku ora tau ngetutwuri para Baal?Delengen tindak-tandukira ana ing lebak,kawruhana apa kang wus sira lakoni;he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,

24. kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun,amarga kepengin ngisis!Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran?Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa,bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.

25. Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah,lan gorokanira aja nganti kasatan!Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina!Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca,mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.

Yeremia 2