17. Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ingngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan.PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong ikuing dina tibaning bilaine.”
18. Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”
19. Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawulasaha midhangetna pasambat kawula!!
20. Kasaenan punapa badhe kawales piawon?Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula!Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wontening ngarsa Paduka,saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika,supados kauwalna saking bebendu Paduka.