12. Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane! Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.”
13. Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Coba takokna ana ing antarane para bangsa:sapa kang tau krungu prakara kang kaya mangkene iki?Prawan ing Israel wus nglakoniprakara-prakara kang nistha banget!
14. Apa bisa kelakon salju putih arep ngalihsaka ing gunung parang Siryon?Mokal yen banyu ing gunung bakal asat,banyu kang seger lan mili!
15. Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun,padha ngobong kurban kanggopara dewa kang tanpa guna,padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe,yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna,lan menggok ing dalan simpangan,yaiku dalan kang ora diwarata.
16. Padha gawe nagarane dadi nisthalan dadi cacadan ing salawase.Saben wong kang liwat padha eneglan gedheg-gedheg.
17. Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ingngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan.PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong ikuing dina tibaning bilaine.”
18. Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”
19. Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawulasaha midhangetna pasambat kawula!!