9. Ati iku culika banget,luwih culika katimbang apa bae,atine wis kaya watu:sapa kang bisa nyumurupi kaanane?
10. Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati,kang ndadar batining manungsa,lan banjur males marang saben wong,kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”
11. Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge,mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha,kanthi patrap kang ora kalal;nalika nedheng-nedhenge umure,bakal koncatan sakabehe,temah ing wekasaning umurekesuwur dadi wong gemblung.
12. Dhuh Dhamparing kamulyan, ingkang luhur wiwit kina-makina,Padaleman Suci kita!
13. Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel,sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan.Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka,badhe kasirnakaken saking nagari,amargi sami nilar tuking toya gesang,inggih punika Sang Yehuwah.
14. Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,temah kawula badhe saras;kawula mugi Paduka wilujengaken,temah kawula badhe wilujeng,amargi Paduka punika pepujan kawula!
15. Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula:“Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku?Cikbene saiki teka!”
16. Ewasamanten kawula boten nate ngajapdhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai,kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan;inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula,sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.
17. Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula,Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.
18. Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula,kajengipun nandhang wirang,nanging kawula sampun ngantos kawirangan;kajengipun sami giris,nanging kawula sampun ngantos giris.Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika,saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.
19. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem.
20. Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika! Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah!