1. “Dosane Yehuda iku wus tinulisankalawan pen wesi, kang lancipe inten,ingukir ana ing papaning atinelan ana ing sungu-sunguning misbyahe
2. minangka pepeling tumrap para wong iku!-- Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalanepancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel,ana ing tengger kang dhuwur,
3. yaiku ing pagunungan ing ara-ara. --Kasugihan lan sakehing raja-brananirabakal Sunparingake dadi rayahanminangka piwales tumrap ing dosaniraana ing saindenging tlatahira.
4. Sira bakal kelangan tanah-pusakanirakang wus Sunparingake marang siralan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhiraana ing nagara kang durung sira sumurupi,amarga ing sajroning bebenduningSungenine wus murubkang bakal mulad-mulad ing salawase.”
5. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe,sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!