5. Dene, mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Aja lumebu ing omahe wong kang kasripahan, lan aja urun tangis sarta belasungkawa, amarga Ingsun wus mundhut tentrem rahayune bangsa iki, kang wus Sunparingake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -, lan uga sih kadarman lan sih-piwelasingSun.
6. Para wong gedhe lan wong cilik ing tanah kene bakal padha mati; ora dikubur, ora ana kang nglayad utawa kang mbeleki kulite lan kang nggundhuli sirahe, marga saka kang mati mau,
7. uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.
8. Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku.