1. Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!
2. Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Sing marang pati, maranga ing pati!Sing marang pedhang, maranga ing pedhang!Sing marang pailan, maranga ing pailan!Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!
3. Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.
4. Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”
5. “He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira,lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira?Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?