8. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:
9. “Mangkene anggoningSun bakal nyirnakake digang-digunge Yehuda lan Yerusalem.
10. Bangsa kang ala iki, kang lumuh ngrungokake pangandikaningSun, kang mung nuruti tekading atine, ngetutwuri allah liyane lan ngabekti sarta sujud marang iku, bangsa iku bakal kaya sabuk kang wus ora ana gunane kanggo apa-apa iki.
11. Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
12. “Pangandika iki dhawuhna marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Saben guci kudu dikebaki anggur! Lan yen wong iku padha mangsuli: Kula rak sampun sami ngretos, yen saben guci kedah dipun kebaki anggur?
13. Ing kono sira dhawuhana maneh: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, sakehing wong ing nagara iki dalah para raja kang lungguh ing dhampare Dawud, para imam lan para nabi, apadene sakehe wong ing kutha Yerusalem bakal Sunendemi,
14. tuwin bakal Sunadukumba nganti remuk; para bapa karo anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal nyirnakake wong-wong iku, ora Sunwelasi, ora Suneman lan ora Sunapura.”