Yeremia 11:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira,

5. supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”

6. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana!

7. Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!

8. Ewadene padha emoh ngrungokake lan nggatekake, nanging siji-sijine malah padha nekad nuruti atine kang ala; Ingsun wus ndhatengake sakehing surasane prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake murih ditetepana, nanging padha ora ngestokake.”

9. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Panunggalane wong Yehuda lan wong isining kutha Yerusalem tinemu padha sekuthon nglakoni ala.

10. Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure.

11. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake.

Yeremia 11