1. Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
2. “Rungokna surasane prasetyan iki lan iku dhawuhna marang wong Yehuda lan saisine kutha Yerusalem!
3. Dhawuhna marang wong iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kenaa ing ipat-ipat wong kang ora ngrungokake marang surasaning prasetyan iki,