Yeremia 10:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati,Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang,lan Ratu kang langgeng.Dedukane nggonjingake bumilan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.

11. Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene:“Para allah kang ora nitahake langit lan bumiiku bakal sirna saka ing bumilan saka ing sangisoring langit iki.”

12. Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane,kang njejegake bumi sarana kawicaksananelan mbeber langit kanthi kalimpadane.

13. Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,swaraning banyu ing langit gumuruh,Panjenengane ngumbulake mega mendhungsaka poncoting bumi,damel kilat binarung udanlan ngwedalake angin saka ing perawatane.

14. Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apalan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane.Awitdene reca cor-corane iku apus-apus,ora duwe nyawa.

15. Sakabehe iku tanpa guna,garapan kang dadi wohing pamoyok,lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.

16. Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane,amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh,lan Israel iku uamt kagungane,asmane yaiku Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi.

17. He para wong kang ana ing pangepungan,barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene.

18. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Lah sapisan ikiIngsun bakal mbuncang wong isining kutha iki,lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.”

19. Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku,tatuku ora bisa mari!Aku nggagas: “Ah ikikasusahan kang kudu daksandhang!”

20. Kemahku wus rusaklan taline wus pedhot kabeh.Anak-anakku wus padha ninggal aku,wus ora ana maneh,wus ora ana kang ngadegake kemahkulan kang menthang tendhaku.

21. Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi,padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah.Mulane padha ora nemu begja,lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.

22. Ana warta kang keprungu, unine:Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor,kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehudapadha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag.

Yeremia 10