Yeremia 10:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. He para turune Israel!Padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah,kang kadhawuhake marang kowe:

2. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa,aja kaget dening tandha-tandha ing langit,sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku.

3. Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna.Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas,kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?

4. Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka,lan dikukuhake sarana paku lan palu,supaya aja moyag-mayig.

5. Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun,ora bisa guneman,kudu dijunjung ing wong,amarga ora bisa lumaku.Aja kokwedeni,amarga brahala iku ora bisa manggawe alalan gawe becik iya ora bisa.”

6. Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah!Paduka punika agung lan asma Paduka agungmargi Paduka punika prakosa.

7. Dhuh Rajanipun para bangsa,sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka?Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka,amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa,saha ing antawisipun para ratunipun,boten wonten ingkang nyameni Paduka!

8. Brahala iku kabeh bodho lan gemblung,piwulange dewa iku tanpa guna,awit iku mung kayu walaka.

9. Salaka blebekan digawa saka ing Tarsislan emas saka ing Ufas;brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan.Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom,kabeh gaweane para ahli.

10. Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati,Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang,lan Ratu kang langgeng.Dedukane nggonjingake bumilan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.

11. Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene:“Para allah kang ora nitahake langit lan bumiiku bakal sirna saka ing bumilan saka ing sangisoring langit iki.”

12. Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane,kang njejegake bumi sarana kawicaksananelan mbeber langit kanthi kalimpadane.

13. Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,swaraning banyu ing langit gumuruh,Panjenengane ngumbulake mega mendhungsaka poncoting bumi,damel kilat binarung udanlan ngwedalake angin saka ing perawatane.

14. Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apalan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane.Awitdene reca cor-corane iku apus-apus,ora duwe nyawa.

Yeremia 10