6. Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”
7. Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Sira aja matur: Kawula punika taksih enem,nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat,lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.
8. Aja sira wedi marang wong-wong iku,amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
9. Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.
10. Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan,supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri,apadene mbangun lan nandur.”
11. Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”
12. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.”
13. Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.”
14. Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku:“Saka ing sisih lor bakal ana bilaikang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.