6. Aku nuli kapangandikanan mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira ndeleng apa kang padha ditindakake, yaiku panggawe-panggawe kang nistha banget, kang dilakoni dening turune Israel ana ing kene, satemah Ingsun kapeksa ngedohi papan pasuceningSun? Sira isih bakal ndeleng panggawe kang nistha kang ngluwihi iku.”
7. Aku nuli kabekta menyang ing lawanging plataran; aku ndeleng lah ing temboke ana bolongane.
8. Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, bolongan ing tembok iku ambakna!” Bareng bolongan iku wus dakambakake, ing kono ana lawange.
9. Aku tumuli dipangandikani: “Sira lumebua lan ndelenga panggawe-panggawe kang nistha kang ala, kang padha ditindakake ana ing kene!”
10. Aku banjur lumebu lan ndeleng lah ana gambaring sakehe kewan gumremet lan kewan-kewan liyane kang njejemberi sarta sakehing brahalane turune Israel kang ingukir ana ing tembok ing sakubenge.
11. Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun.
12. Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng apa kang katindakake dening para pinituwaning turune Israel ana ing pepeteng ana ing sajroning kamare dhewe-dhewe kang ana gambare ukir-ukiran? Amarga padha celathu mangkene: Pangeran Yehuwah ora mirsa kita; Pangeran Yehuwah wus nilar tanah kene.”
13. Pangandikane maneh mangkene: “Sira bakal ndeleng panggawe nistha kang ngluwihi gedhene maneh, kang padha dilakoni.”