Yeheskiel 6:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse iku ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, marepa marang ing gunung-gununge Israel lan nglairna pameca nglawan gunung-gunung iku!

3. Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban.

4. Misbyah-misbyahira bakal dadi sepi mamring lan padupan-padupanira bakal karusak; tuwin Ingsun bakal ngebrukake para wongira kang padha pinatenan ana ing ngarepe brahala-brahalanira.

5. Mayit-mayite wong Israel bakal Sununcalake marang ing ngarepe para brahalane tuwin balung-balungira menyang ing sakubenging misbyah-misbyahira.

6. Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.

7. Wong-wongira kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

Yeheskiel 6