17. Ing sakubenge kutha iku ana ara-arane, sisih lor lan kidul rong atus seket asta, lan sisih wetan lan kulon uga rong atus seket asta.
18. Turahane dawane, kang jejer karo pisungsung mligi kang suci iku, sisih wetan sapuluh ewu asta, sisih kulon sapuluh ewu asta, dene pametune dadi pangane para kang nyambut-gawe ing kutha kono.
19. Wong-wong iki, kang asale saka suku-suku Israel kabeh, iku kang bakal nggarap palemahan mau.
20. Pisungsung-mligi iku jembare kabeh ana salawe ewu asta ping salawe ewu asta. Sira mligekna kang kanggo pisungsung mligi kang suci dalah wilayahe kutha iku awujud pesagi.
21. Saluwihe mau iku duweking ratu, yaiku ing sawetane lan ing sakulone pisungsung mligi kang suci tuwin wilayahe kutha iku, apadene adu wates karo kang salawe ewu asta iku, mangetan nganti tekan tapel-wates wetan lan mangulon nganti tekan tapel-wates kulon sarta jejer karo wilayahe suku-suku liyane, iku kanggo raja. Pisungsung kusus kang suci lan Padaleman Suci dumunung ana ing tengahe wewengkon kono.
22. Kajaba duweke para wong Lewi lan duweke kutha iku -- kang dumunung ing tengahe wilayahing ratu mau -- kang kaapit ing wilayahe Yehuda lan Benyamin, iku kanggo raja.
23. Anadene tumrap suku-suku liyane: wiwit ing tapel-wates wetan tekan ing tapel-wates kulon iku kanggo Benyamin.
24. Adu wates karo wilayahe Benyamin, wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Simeon.