Yeheskiel 48:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Iya iki bageaning imam-imam kang wus kasucekake, yaiku para turune Zadhok, kang nglakoni kawajibane kagem Ingsun lan kang ora melu tumindak nasar ing sajrone pamblasare wong Israel, yaiku para wong Lewi.

12. Iki perangane tanah kang wus kamligekake, kang kasadhiyakake kanggo wong-wong mau, kang adu wates karo bageane para wong Lewi. Iki bab kang suci pinunjul.

13. Bageane para wong Lewi jejer karo wilayahe para imam, dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta. Dadi gunggunge: dawane salawe ewu asta, ambane rong puluh ewu asta.

14. Iku sathithik bae ora kena didol utawa diijolake, sarta wilayah iku perangane kang becik dhewe ora kena diwarisake marang wong liya, awit iku suci tumrape Sang Yehuwah.

15. Turahane ambane, yaiku isih limang ewu asta, kang adu wates karo kang salawe ewu asta, iku ora suci, iku kanggo kapreluaning kutha, dienggoni lan kanggo pategalan.

16. Dene ukurane mangkene: sisih lor lan kidul patang ewu limang atus asta, sisih wetan lan kulon uga patang ewu limang atus asta.

17. Ing sakubenge kutha iku ana ara-arane, sisih lor lan kidul rong atus seket asta, lan sisih wetan lan kulon uga rong atus seket asta.

18. Turahane dawane, kang jejer karo pisungsung mligi kang suci iku, sisih wetan sapuluh ewu asta, sisih kulon sapuluh ewu asta, dene pametune dadi pangane para kang nyambut-gawe ing kutha kono.

19. Wong-wong iki, kang asale saka suku-suku Israel kabeh, iku kang bakal nggarap palemahan mau.

20. Pisungsung-mligi iku jembare kabeh ana salawe ewu asta ping salawe ewu asta. Sira mligekna kang kanggo pisungsung mligi kang suci dalah wilayahe kutha iku awujud pesagi.

Yeheskiel 48