Yeheskiel 48:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki jenenge suku-suku mau: Kang ana lor dhewe: wiwit ing sagara, terus, ngliwati Hetlon, tekan ing panggonan lumebune dalan menyang Hamat, Hazar-Enon, mulane wilayahe kutha Damsyik, kang cedhak karo Hamat, dumunung ing sisih lore; wiwit tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Dhan.

2. Adu wates karo wilayahe Dhan, saka ing tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Asyer.

3. Adu wates karo wilayahe Asyer, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Naftali.

4. Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.

5. Adu wates karo wilayahe Manasye, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku wilayahe Efraim.

6. Adu wates karo wilayahe Efraim, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Ruben.

7. Adu wates karo wilayahe Ruben, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Yehuda.

8. Adu wates karo wilayahe Yehuda, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, ing kono ana pisungsung mligi, kang kudu sira mligekake, yaiku kang ambane salawe ewu asta, lan dawane padha karo dawane sabagean, yaiku wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, sarta ing satengahe kono kanggo pasucen.

9. Perangan pisungsung kusus kang kudu sira mligekake kagem Sang Yehuwah iku dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta.

10. Pisungsung mligi kang suci iku kanggo para imam: ing sisih lor lan kidul dawane salawe ewu asta, dene ambane ing sisih wetan lan kulon sapuluh ewu asta. Pasucen kagem Sang Yehuwah dumunung ana ing tengahe.

11. Iya iki bageaning imam-imam kang wus kasucekake, yaiku para turune Zadhok, kang nglakoni kawajibane kagem Ingsun lan kang ora melu tumindak nasar ing sajrone pamblasare wong Israel, yaiku para wong Lewi.

12. Iki perangane tanah kang wus kamligekake, kang kasadhiyakake kanggo wong-wong mau, kang adu wates karo bageane para wong Lewi. Iki bab kang suci pinunjul.

13. Bageane para wong Lewi jejer karo wilayahe para imam, dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta. Dadi gunggunge: dawane salawe ewu asta, ambane rong puluh ewu asta.

Yeheskiel 48