Yeheskiel 46:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Gapura plataran njero kang marep mangetan kudu mineb ing sajroning nem dina, dina nyambut gawe, nanging ing dina Sabat supaya diwengakake; ing dina sasi anyar uga kudu diwengakake.

2. Raja iku anggone bakal lumebu saka njaba ngliwati bangsaling gapura lan banjur ngadeg ing sacedhake sakaning gapura iku. Ing nalika iku para imam padha ngolah kurban obaran lan kurban kaslametaning raja mau, dene raja iku nuli sujud nyembah ana ing tlundhaging gapura iku, banjur metu maneh. Anadene gapura iku nganti sore ora kena kainebake.

3. Wong-wong ing nagara iya kudu melu sujud nyembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing gapura kono, ing dina Sabat lan ing dina sasi anyar.

4. Kurban obaran kang kudu kacaosake dening ratu marang Sang Yehuwah ing dina Sabat iku, wedhus gembel enem kang tanpa cacad lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad.

5. Kurban dhaharan kang awujud wedhus gembel lanang iku kudu kaolah kalawan glepung sa-efa, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane, iku gumantung karo kakuwatane, lan lenga sa-hin kanggo sa-efa.

6. Ing sasi anyar kudu kapisungsungake sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, sarta wedhus gembel enem lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad.

7. Kanggo kurban dhaharan, raja kudu nyawisake glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.

8. Manawa ratu arep lumebu iku anggone lumebu kudu ngliwati bangsaling gapura lan metune uga saka ing kono.

9. Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.

10. Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau.

11. Ing dina-dina gedhe lan ing dina pahargyan-pahargyan kang tetep, kudu ana kurban dhaharan; yaitu glepung sa-efa diolah kalawan sapi lanang siji tuwin glepung sa-efa diolah kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane iku gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.

12. Manawa ratu nyawisake kurban obaran manasuka utawa kurban kaslametan manasuka kagem Sang Yehuwah, iku kawenganana gapura ing sisih wetan tuwin ratu mau banjur bakal ngunjukake kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku kayadene kang katindakake ing dina Sabat. Sawuse mangkono banjur metu lan gapurane nuli kudu kaineb.

13. Saben dina dheweke kudu nyawisake wedhus gembel kang umur sataun kang tanpa cacad kanggo kurban obaran kagem Sang Yehuwah; iku kudu katindakake saben esuk.

Yeheskiel 46