Yeheskiel 45:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta iku dadi darbeke wong-wong Lewi kang kawajibane leladi ana ing Padaleman Suci; iku kutha-kuthane, papan panggonane.

6. Kang dadi duweking kutha iku sira temtokna: ambane limang ewu asta, dawane salawe ewu asta lan adu wates karo pisungsung mligi kang suci mau. Iku kanggo turune Israel kabeh.

7. Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku.

8. Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.”

9. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.

10. Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.

Yeheskiel 45