Yeheskiel 45:22-25 Kitab Sutji (JAV)

22. Ing dina iku raja nyawisna sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumuju marang awake dhewe lan wong sanagara kabeh.

23. Ing sajroning pitung dina ing dina gedhe iku, raja nyawisana kurban obaran kagem Sang Yehuwah: saben dina sapi lanang pitu lan wedhus gembel lanang pitu kang tanpa cacad tuwin kanggo kurban pangruwating dosa saben dina wedhus jawa lanang siji.

24. Kanggo kurban dhaharan raja nyawisana glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.

25. Ing sasi kapitu, tanggal limalas sasi iku, yaiku ing dina gedhe, raja iya nganakna pacawisan kaya mangkene iki lawase pitung dina: kurban pangruwating dosa, kurban obaran, kurban dhaharan lan lenga.

Yeheskiel 45