13. Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta;
14. mangkono uga ambane sisih ngarep Padaleman Suci karo plataran tutupan ing sisih wetan iya satus asta.
15. Sawuse mangkono Panjenengane banjur ngukur dawane gedhong kang ana ing plataran tutupan ing sisih kulon karo emper-empere ing sisih kiwa tengene, iku ana satus asta.Bangsal-agung, bangsal njero lan pandhapane
16. tinutupan ing blabag lan ing sakubenge bangsal telu iku ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu, empere uga ana. Ing ngareping tlundhage Padaleman Suci iku kabeh katutupan blabag wiwit ing jrambahe nganti tekan ing cendhela-cendhelane -- cendhela-cendhelane iku padha katutupan --
17. malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh
18. rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro,
19. kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa.
20. Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran.
21. Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu,
22. dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”
23. Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci
24. inebing lawange uga loro: Ing lawang-lawang kono ana inebe loro kang bisa mubeng; loro dumunung ing lawang kang siji lan loro dumunung ing lawang sijine.
25. Lawang-lawang iki, yaiku lawang-lawanging bangsal-agung, rinengga ing kerub lan wit kurma ukir-ukiran kaya tembok-temboke. Ing sangarepe Padaleman Suci mau, yaiku ing jaba ana undhak-undhakane kayu.
26. Ing tembok sisih kiwa tengene pendhapa ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu lan wit kurma ukir-ukiran.