Yeheskiel 40:27-34 Kitab Sutji (JAV)

27. Ing peranganing plataran njero sisih kidul uga ana gapurane. Panjenengane banjur ngukur wiwit gapura kang siji tekan ing gapura candhake ing sisih kidul: satus asta.

28. Aku banjur dibekta menyang ing plataran njero ngliwati gapura kidul lan panjenengane tumuli ngukur gapura iku, ukurane padha bae karo liya-liyane.

29. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura mau lan ing bangsale gapurane ana cendhela-cendhelane; dawane gapura iku seket asta dene ambane salawe asta. --

30. Ing sakubenge ana bangsal-bangsale, dawane selawe asta lan ambane limang asta. --

31. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

32. Aku nuli dibekta menyang ing plataran njero sisih wetan lan panjenengane banjur ngukur gapura kang ana ing kono, tinemune ukurane padha bae karo liya-liyane.

33. Kamar-kamare panjagan, saka-sakane tembok sarta bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura lan bangsale ana cendhelane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta.

34. Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ana ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu.

Yeheskiel 40