Yeheskiel 40:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Aku banjur kabekta menyang ing plataran njaba, lah ing sakubenge plataran kono ana kamar-kamare, gunggunge telung puluh. Lan kamar-kamar iku dumunung ana ing sadhuwure srasahan.

18. Srasahan iku ana ing sakiwa-tengene gapura, trep karo dawaning gapura. Iku srasahan ing ngisor.

19. Ambaning plataran mau nuli kaukur wiwit saka ing sisih njerone gapura ngisor nganti tekan ing sisih njabane gapura njero: satus asta.Panjenengane nuli lumampah ana ing ngarepku mangalor

20. lah ing kono ana gapura kang madhep ngalor, dumunung ing plataran njaba. Amba-dawane banjur kaukur.

21. Kamare panjagan telu sisih kene lan iya telu sisih kono, saka-sakaning tembok lan bangsaling gapura ukurane padha karo gapura kapisan: dawane seket asta lan ambane salawe asta.

22. Cendhela-cendhelane, bangsaling gapura lan gambar-gambare wit kurma ukurane uga padha karo gapura kang marep mangetan. Wong bisane munggah mrono ngliwati undhak-undhakan pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero.

Yeheskiel 40