17. Dene sira, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tutura marang sawernaning manuk lan sakehing kewan galak: Padha nglumpuka lan mrenea, padha nglumpuka mrene saka ing ngendi-endi, ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira kabeh, yaiku pesta kurban kang gedhe ing gunung-gununge Israel; sira bakal padha mangan daging lan ngombe getih.
18. Daginge para pahlawan kang bakal sira pangan lan getihe para panggedhening jagad kang bakal sira ombe; iku kabeh kayadene wedhus gembel lanang, cempe wedhus gembel, wedhus jawa lanang lan sapi lanang, raja-kaya lemon saka ing Basan.
19. Sira bakal padha mangan gajih nganti wareg lan ngombe getih nganti sira padha mendem ana ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira iku.
20. Sira bakal padha dadi wareg anggonira mangan ana ing pestaningSun: jaran dalah kang nunggangi, pahlawan lan sakehing prajurit. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
21. Ingsun bakal nglairake pangwaosingSun ana ing antarane para bangsa lan iku kabeh bakal padha sumurup marang paukuman kang bakal Sundhawahake sarta ndeleng astaningSun kang bakal Sundhawahake marang bangsa-bangsa mau.
22. Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,
23. sarta para bangsa bakal padha sumurup, manawa turune Israel anggone kabuwang iku marga saka kaluputane lan marga saka anggone banjur ora setya marang Ingsun, mulane Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku, tuwin Ingsun banjur ngulungake wong-wong iku marang ing tangane para mungsuhe, kabeh nuli padha mati dening pedhang.
24. Laras kalawan kanajisan lan durakane anggoningSun matrapi wong-wong iku, sarta Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku.
25. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci.
26. Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine,