Yeheskiel 38:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang.

5. Wong Persia, Etiopia lan Put padha mbarengi lakune, kabeh padha nyekel tameng lan nganggo topong;

6. wong Gomer dalasan wadya-balane kabeh, Bet-Togarma saka ing poncot lor dalah sawadya-balane kabeh, akeh bangsa kang ngeloni sira.

7. Sira mirantia lan cecawisa kalawan kabeh golongan kang padha ngeloni sira lan sira dadia pangayomane.

8. Sawise sawatara lawas sira bakal tampa dhawuh; ing dina kang wekasan sira bakal teka ing sawijining nagara kang wus kabangun maneh sawuse rusak marga saka perang, tuwin sira banjur marani sawijining bangsa kang diklumpukake saka ing satengahe para bangsa ing gunung-gununge Israel kang wus suwe dadi reruntuhan. Bangsa iki wus kawetokake saka ing satengahe para bangsa lan kabeh banjur wus padha manggon kalawan ayem tentrem.

9. Sira nuli jumedhul kaya angin prahara lan tekanira iku kaya mendhung kang nutupi salumahing bumi, sira teka kalawan wadya-balanira kabeh lan akeh bangsa kang mbiyantu sira.

Yeheskiel 38