1. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2. “He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke,
3. sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal.
4. Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang.