20. Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane!
21. Ingsun rumaos gerah ing panggalih, dene asmaningSun kang suci dinajisake dening turuning Israel ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani.
22. Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.
23. Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.
24. Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.
25. Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.
26. Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.
27. RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun.
28. Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira.
29. Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira.
30. Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen.
31. Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.
32. Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel.
33. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.
34. Tanah kang wus suwe bera, bakal kagarap maneh, supaya aja tetep bera ana ing ngarepe sakehing wong kang liwat ing kono.