24. “He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka.
25. Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?
26. Sira padha ngendelake pedhangira, sira padha nglakoni kanisthan, kabeh padha ngrusuhi bojone pepadhane -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?
27. Tutura marang wong-wong iku mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika: Demi Ingsun kang agesang, wong kang padha manggon ing reruntuhan bakal ambruk mati dening pedhang, tuwin wong-wong kang ana ing ara-ara bakal Sunpakakake marang kewan alasan, dene kang manggon ing beteng-beteng lan ing guwa-guwa bakal mati kena ing pageblug.
28. Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono.
29. Ing kono wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun nyirnakake tanah iki lan Sundadekake sepi mamring, marga saka sakehing panggawene kang nistha, kang padha katindakake.
30. Anadene sira anaking manungsa, sira dirasani dening mitra-mitranira tunggal sabangsa ana ing sacedhake tembok-tembok lan lawanging omah-omah, mangkene anggone padha rerasanan: Ayo padha mrana lan ngrungokake apa kang kapangandikake dening Sang Yehuwah!