Yeheskiel 32:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Ingsun bakal damel bingunging atine bangsa akeh, samangsa sira padha Sundadosake tawanan ana ing satengahe para bangsa, ana ing nagara-nagara, kang sira durung tau sumurup.

10. Ingsun bakal damel kagete bangsa akeh, samangsa padha ndeleng marang sira, para rajane bakal padha gumeter ndeleng sira yaiku manawa Ingsun ngobat-abitake pedhangingSun ana ing ngarepe. Bakal padha gumeter tanpa uwis, marga saka ngelingi marang uripe, ing dina sirnanira mau.

11. Awit makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Pedhange raja ing Babil bakal nekani sira.

12. Ingsun bakal damel golonganirapadha ambruk kena ing pedhange para prawira,kang ambek siya dhewe ana ing antarane para bangsa.Kumlungkunge Mesir bakal kaleburlan sagolongane kabeh bakal katumpes.

13. Sakehe kewane bakal Sunsirnakakesaka ing pinggiring kali-kali gedhe;sikiling manungsa bakal ora mbuktekake manehlan ora ana kewan kang ngubeg-ubeg ing jerone.

14. Banyune banjur bakal Sunbeningake,kali-kaline bakal Sundamelkaya mili lenga.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

15. Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamringkabeh isining nagara uga sirna,lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni,ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

16. Yaiki pangadhuh kang kudune kakidungake; para wanitane bangsa-bangsa bakal ngidungake iku; bakal padha ngidungake katujokake marang Mesir lan rakyate kabeh kang akeh iku. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”

17. Ing taun kang kaping rolas, tanggal limalas sasi kapisan ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan.

19. Kaendahanira iku ngungkuli sapa? Sira mudhuna lan padha klemahana awor karo para wong kang ora tetak!

20. Iku bakal padha ambruk ana ing satengahe para wong kang mati dening pedhang lan kabeh rakyate kang akeh iku bakal padha tiba kelumah bebarengan karo dheweke.

21. Para wong kang nyekel pangwasa lan gagah prakosa dalasan para pembantune bakal ngrembug dheweke ana ing satengahe jagade wong mati: Wong-wong iku wus padha mudhun, padha tiba kelumah lan awor karo wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang.

22. Asyur ana ing kana dalah sakehing sekuthone, kaubengan ing pakuburan-pakuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang.

Yeheskiel 32