25. Ana ing satengahe para wong kang mati, marga dipateni iku, dicawisi paturon uga kabeh rakyate kang akeh iku ana ing sakubenge pakuburane. Iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang, awit wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan padha nanggung kawirangane, awor karo wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan; padha dipapanake ana ing satengahe wong-wong kang mati marga pinatenan.
26. Mesekh lan Tubal padha ana ing kono dalasan kabeh rakyate kang akeh iku, kang padha ngupengi pakuburane; iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang mati dening pedhang, amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.
27. Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.
28. Sira bakal gumlinting ana ing satengahe para wong kang ora tetak, awor karo para wong kang padha mati dening pedhang.
29. Edom ana ing kono, para rajane lan kabeh panggedhene, kang padha dipapanake ing sacedhake para wong kang mati dening pedhang, sanadyan padha prakosa; padha diturokake sandhing wong-wong kang ora tetak lan wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan.