Yeheskiel 32:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamringkabeh isining nagara uga sirna,lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni,ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

16. Yaiki pangadhuh kang kudune kakidungake; para wanitane bangsa-bangsa bakal ngidungake iku; bakal padha ngidungake katujokake marang Mesir lan rakyate kabeh kang akeh iku. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”

17. Ing taun kang kaping rolas, tanggal limalas sasi kapisan ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan.

19. Kaendahanira iku ngungkuli sapa? Sira mudhuna lan padha klemahana awor karo para wong kang ora tetak!

20. Iku bakal padha ambruk ana ing satengahe para wong kang mati dening pedhang lan kabeh rakyate kang akeh iku bakal padha tiba kelumah bebarengan karo dheweke.

21. Para wong kang nyekel pangwasa lan gagah prakosa dalasan para pembantune bakal ngrembug dheweke ana ing satengahe jagade wong mati: Wong-wong iku wus padha mudhun, padha tiba kelumah lan awor karo wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang.

22. Asyur ana ing kana dalah sakehing sekuthone, kaubengan ing pakuburan-pakuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang.

23. Kuburane kaprenahake ana ing peranganing luwangan kang jero sarta golongane ana ing sakubenge kuburane; kabeh padha mati, ambruk pinedhang. Yaiku kang nukulake pagiris ana ing jagading wong urip.

24. Elam ana ing kono lan rakyate kabeh kang akeh iku ana ing sakubenge kuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang, yaiku kang padha mudhun marang bumi kang ngisor dhewe ora kalawan ditetaki, kang wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan iku padha nanggung kawirangane, awor karo wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan.

25. Ana ing satengahe para wong kang mati, marga dipateni iku, dicawisi paturon uga kabeh rakyate kang akeh iku ana ing sakubenge pakuburane. Iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang, awit wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan padha nanggung kawirangane, awor karo wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan; padha dipapanake ana ing satengahe wong-wong kang mati marga pinatenan.

26. Mesekh lan Tubal padha ana ing kono dalasan kabeh rakyate kang akeh iku, kang padha ngupengi pakuburane; iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang mati dening pedhang, amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

27. Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

Yeheskiel 32