Yeheskiel 32:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping rolas, tanggal sapisan sasi rolas ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira ngucapna pangadhuh tumrap Pringon, raja Mesir lan tuturana mangkene:Sira iku madhakake awakirakaya singa nom ing antarane para bangsa.Nanging sira iku kaya baya ing sagara;kali-kalinira padha sira gawe munthuk,sira mbuthekake banyune kalawan sikillan jempalikan ana ing bladhere.

3. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:Ingsun masang jaringingSun kanggo nyekel sira,lumantar paklumpukane bangsa akeh,lan sira Sunlebetake ing jalaningSun.

4. Sira Sunbanting ing bumi,Sununcalake menyang ing ara-ara;sakehing manuk ing awang-awangSundhawuhi mencok ana ing sirakewan-kewan ing salumahing bumiSunwaregi kalawan dagingira.

5. Dagingira Sunkendelake bae padha pating kacecer ana ing pagunungan,lembah-lembah padha Sunkebaki bathang-bathangira.

6. Bumi Sunombenigetihira kang mili,uga gunung-gunung,sarta dhasar-dhasaring kali bakal kebak getihira.

7. Samangsa Ingsun nyirnakake sira,langit bakal Suntutupilan lintange padha Sunpetengi.Srengenge Suntutupi mendhungdene rembulan ora bakal nyorotake sunare.

8. Kabeh kang sumunar ana ing langitbakal Sundadekake peteng marga saka sira.Pepeteng Sundhatengake marang sira.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

Yeheskiel 32