15. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu.
16. Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh.
17. Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati.
18. Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”