Yeheskiel 31:12 Kitab Sutji (JAV)

Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae.

Yeheskiel 31

Yeheskiel 31:5-13