Yeheskiel 3:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Dene anggonira kautus iku ora marani bangsa kang basane ora mangretekake lan alot ilate, nanging marani bangsa Israel;

6. dudu bangsa akeh kang basane nyleneh lan kang alot ilate, kang tembung-tembunge sira ora mangreti. Saupama sira Sunutus nemoni bangsa kang mangkono, iku bakal ngrungokake sira.

7. Nanging turune Israel ora gelem ngrungokake sira, amarga ora gelem ngrungokake Ingsun, awit kabeh turune Israel iku bathuke atos lan atine wangkot.

8. Lah rainira Sundadekake atos kaya raine wong-wong iku sarta semangatira Sundadekake kuwat nglawan wangkoting atine.

9. Atinira Sunteguhake kayadene inten, kang atose ngungkuli watu; sira aja wedi marang wong-wong iku lan aja gumeter ndeleng raine, awit iku jinis kang awatek mbalela.”

10. Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: β€œHe, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira.

11. Lungaa nemonana para wong buwangan, para kanca kang tunggal bangsa kalawan sira, rembugana lan kandhaa marang wong-wong iku mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah; sanadyan padha gelem ngrungokake apa ora.”

12. Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane,

13. yaiku swaraning swiwine para makhluk kang urip kang padha gesrek-gesrekan lan kajaba iku swaraning rodha-rodha kang gumledheg, swara gumuruh kang sora.

14. Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.

15. Aku banjur marani para wong buwangan kang padha manggon ing pinggir kali Kebar ing Tel-Abib sarta nganti pitung dina anggonku ana ing kono kalawan legag-legeg.

Yeheskiel 3